Tuesday, March 13, 2012

Materi Ujian Praktek Bahasa Jawa kelas IX


TULADHA SESORAH SESULIH KELAS IX
(WISUDHA KELAS IX)
1.   Pambuka
Ø Salam
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
Sugeng Injing/Siyang
Nuwun........
Ø Pakurmatan
Bapak Kepala Sekolah SMP Az Zahra ingkang Kinakbekten...
Bapak/Ibu guru ingkang Satuhu luhuring budi...
Bapak/Ibu Wali Murid saha wali kelas ingkang Sinudarsana...
Boten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani...
Ø Puji syukur
Sumangga kita sesarengan tansah nyaosaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang akarya jagad, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun. Saengga kita sedaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan ing selebetipun kalodangan menika. Sholawat ugi salam konjuk dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW. dalasan para sahabatipun.

2.   Surasa Basa (isi)
Keparenga kula .....................minangka wakil siswa kelas IX ngaturaken agungipun panuwun dhumateng bapak/Ibu guru ingkang sampun gulawentah saha paring ilmunipun kanthi sabar saengga kula saged lulus kanthi biji ingkang sae. Mugiya samangke dados ilmu ingkang manfa’at.
Bapak/ibu guru ingkang satuhu luhuring budi, sadangunipun 3(tigang) taun, Bapak/Ibu guru sampun ngrengkuh kita kados putra piyambak. Sejatosipun kula rumaos awrat pisah, namung karana kita kedah nglajengaken sekolah, kepeksa kita nyuwun pamit. Kita boten saget ngaturi piwales punapa-punapa. Kita namung sageng mujikaken mugiya bapak/ibu guru tansah wonteng pangayoming Gusti ingkang Maha Asih, tansah kaparingana kabagaswarasan,,tansah pinaringan penggalih ingkang sabar saha lila legawa anggenipun paring ilmunipun kagem para siswa, ugi tansah kaparingan rizki kathah ingkang barokah.

3.   Panutup
Ø Dudutan/Simpulan
Kangge adik-adik kelas, kula titip pesen mangga sami njagi aruming nama SMP Az Zahra menika, kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun Bapak/Ibu Guru. Sinau lan gladen ingkang mempeng boten ngantos kesupen tansah bekti lan nyadong idi pangestunipun tiyang sepuh saha Bapak/Ibu guru angenipun sinau wonten ing SMP Az Zahra.
Bapak/Ibu guru,saha sedaya karyawan SMP Az Zahra ugi adik-adik kelas. Sadangunipun 3 taun sesrawungan mesti kemawon kita kathah andamel kalepatan, pramila wonten ing kalodhangan menika kita nyuwun agungipun pangaksami.
Ø Wasana Basa
Wasana cekap semanten atur kula. Mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten manfaatipun. Kula nyuwun pamit.
Opor kupat, bumbu santen.
Menawi kathah lepat, nyuwun agungipun pangapunten.
Ø Salam Panutup
Nuwun-nuwun....matur suwun
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

No comments:

Post a Comment