Tuesday, March 13, 2012

GEGURITAN SIJI


Sungkemku

Tumetese banyu
Dadi trenyuhe atiku
Tata tuturmu dadi patuladhanku
Ibu…!
Sangsaya suwe anggonku urip
Sangsaya eling mring pituturmu
Aku mung awujud gedibal
Ora bisa mujudake kekarepan mu kang suci tur edipeni
Tresnamu dak cathet ing pikirku
Ibu…!
Tresna kang mili pindha banyu
Ora ana enteke
Wiwit jabang bayi
Nganti tekeng pati
Panjenengan tansah paring piweling kanggo aku
Tembung-tembung sing diparingke manis ngluwihi madu
Ibu…!
Nyuwun pangapunten…!
Aku ora bisa nyenengake panjenengan
Uripku mung saya nglarakake manah panjenengan
Ora bisa nuruti karsamu
Ibu…!
Lungaku ora merga lali
Ananging arep nggayuh kamulyan
Adoh panggonku cedhak atiku
Ora bakal ilang ing pikirku
Pahlawan ing atiku
Ibu…!
Mugi pangeran paring kaslametan marang ibu

kapetik saka::: http://www.panjebarsemangat.co.id/2012/03/sungkemku/

No comments:

Post a Comment