Wednesday, July 28, 2010

pidato mawi basa jawi


Kirangipun Kawigatosan Basa Jawi ing Sekolah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Dewan juri ingkang kinurmatan,
Bapak/ibu guru ingkang kinakbeten,
Para kanca ingkang kula tresnani.
saderengipun kula ngaturaken sarasehan kanthi irah-irahan "Kirangipun Kawigatosan Basa Jawi ing Sekolahan", langkung rumiyin sumangga kita ngunjukkaken puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi. Inggih awit sih pawelas paring kesehatan sarta brekahipun, saengga kita sagsed pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.
Dewan juri, Bapak/Ibu guru saha para kanca sedaya…..
Mata pelajaran basa jawi ing sekolah dening para siswa kirang dipun perhatosaken, ugi dipun sepelekaken amergi namung dados mapel muatan lokal ing salebetipun kurikulum SD ngantos sekolah menengah. Biji mapel basa jawi dipun anggep mboten nemtukaken kelulusan siswa. Kejawi niku mapel BJ namung mapel tambahan ingkang mboten perlu dipun sinaoni.
Perkawis ing nginggil andadosaken siswa kirang terampil ngginakaken BJ mliginipun basa jawi krama. Basa jawi krama dados wigati sanget awit basa jawi krama ingkang bener saha pener, nuduhaken unggah-ungguhing basa dhateng tiang ingkang langkung sepuh. Kathah siswa ngginakaken basa jawi krama ingkang bener ananging mboten pener. Tuladhanipun: “ Bu guru, kula badhe kondur rumiyin”. Ukara wau mboten leres kaliyan unggah-ungguh basa jawi kramanipun, tembung “kondur” menika kagem tiang ingkang langkung sepuh utawi tiang ingkang dipun hurmati.
Dewan juri, Bapak/Ibu guru saha para kanca sedaya…..
Miturut unggah-ungguh basa jawi ingkang leres “ Bu guru, kula badhe wangsul rumiyin”, mboten kula badhe kondur. Menawi kula badhe kundur langkung sae dipun ganjel mawon …
Sekolah ingkang dados lembaga pendidikan formal nggadahi fungsi saha peranan nggula wentah BJ. Pramila BJ dipun ajaraken wiwit sekolah dasar, saengga BJ saged kapatri ing siswa wiwit sekolah dasar. Ing salebetipun SK Gubernur JATENG wonten ing koggres basa jawi nuwuhaken semboyan “ngginakaken basa jawi ing basa padinan”. Semboyang ingkang nggadahi artos BJ ing sekolah mboten namung dipun pelajari ananging ugi dipun lestarikaken. Supados siswa saha sedaya guru saged aktif ngginakaken BJ, pramila langkung sae bilih dipun wontenaken dinten wajib ngginakaken BJ setunggal dinten ing salebetipun setunggal minggu ing sekolah.
Ing wusana, sumangga kita sami dedonga dhateng gusti ingkang murbeng dumadi mugiya basa jawi ing sekolah saged ngrembaka kanthi sae.
Cekap semanten atur kula,
SMP Az Zahra nggadahi alamat wonten ing Sekura,
Bilih wonten kathahing lepat nyuwun agungipun pangapura.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

1 comment: